Detail Pengaduan

User Image AREP USUL SEUMPAMA ANGKOT² PURWOKERTO PADA NGANGGO APLIKASI KIRANE BISA ORA       #f2500000319 Dikirim via facebook - 16 Januari 2025 08:32:16, Kategori Lainnya

Assalamualaikum min Min arep usul seumpama angkot² Purwokerto pada nganggo aplikasi kirane bisa ora ya min.. Maaf mung nyawang priyatin toq Maring bapak² angkote Purwokerto sing wis kalah Karo aplikasi penumpang liyane bahkan bis trans juga secara ora langsung Melu nyingkirna ngakote Purwokerto. Nah teknise kepriwe aku y Madan kurang paham,soale bapak² angkot juga wis tua² hpne juga rata² esih poliponik. Tapi gambaranku,biasane tarif angkot 5k/orang, kapasitas angkot bisa muat wong 10 sedangkan grab mobil mung 3/4 orang,nah kepriwe nek muatan sing lewih sekang 5 orang kue di alihkan ke angkot,pasti meringankan warga masyarakat sing kepengin lelunga rombongan. Cerita suram neng lapangan kue kadang angkot sing lagi ngeTem sering ngomaih angkot sing lagi jalan ijik² narik penumpang sing lagi ngadang angkot neng ndalan,sementara angkot sing lagi ngeTem nek nggawa penumpang siji biasane angel²an soale kudu nego Rega dst nek jarake lumayan adoh. Ya mereka juga membingungkan. Dadi nyong kepikiran seumpama angkot pada nganggo aplikasi kira² patut apa ora.. Wong siki bhe organisasi NU y duwe aplikasi NUjek, organisasi Muhammadiyah y ana apa kae jenenge aku kelalen. Ngaten mawon min,mbok menawi luput Utawa ora nggenah y Kulo nyuwun ngapunten 🙏 Waalaikumsalam